Selamat datang di aja2ada, saya membagikan apa yang saya bisa bagikan untuk anda. Silahkan menelusuri aja2ada, semoga blog ini bermanfaat.

RAP JAWA : Lirik+mp3 TUMINI - JAHANAM

Awal mula tahu lagu Rap Jawa waktu semasa SMA, judulnya "TUMINI" oleh Jahanam. Liriknya kocak banget, hampir tiap sore diputer di Radio Polaris Magelang hehehe... Saya mau share aja buat pembaca yang penasaran atau yang inget sama lagu ini dan mau nostalgila.



Lirik :  TUMINI - Jahanam
tum diundang mbokmu
tum diundang mbokmu
tum diundang mbokmu
[2x]
suk, esuk, esuk wektu ku lagi ngopi
mendadak kemrangas mataku nggegirisi
ono cah wedok mlaku nang ngarep omah
ra ngerti marai gedheg njeroan jantungku

ireng bocahe, seksi bodi awake
Ugo akeh wong lanang lirak-lirik motone
nganggo klambi transparan ning seksi jarene
nganti ra kuat elingku ndeloke wudhele

diwernani raine nganti koyo bang-jo
ra dipikir karepe opo sing arep dienggo
dasare wong dheso, opo-opo dipekso
akhire kabeh malah dadi rekoso

pancen aneh wong wedok urip nang dunyo
kabeh-kabeh ra ono sing sempurno
tingkah polahe pancen njengkelke
aku ra ngerti opo piye le dikarepke

tumini nek neng kuto diundang inem
jare ben gaul nek diundang kanca-kancane
bola-bali wong wadon kemayu ra ngilo githoke
ra nduwe isin sak penake wudhele dhewe

mlaku ijen pamer sonyol ben ketok bahenol
nganggo sepatu cethok rok mini ro ngiler kempol
mlebu mall ngguya-ngguyu nggaringke untu sing mambu jengkol
Ana ngangsi do ngematke kemekelen nganti ngompol

pacakan menor raine dipermak kandhel
Pupur lan bengese nganti setengah meter
dasar ndeso rai gedheg body arem-arem
rekane macak ayu malah dadi serem
ketemu tonggo ndeso, sebelah omah kono
ndadak rembukan kon bali welinge wong tuwo
inem eh tumini nesu-nesu sak naliko
konangan asline, sing ra adoh soko kutho

e e tumini, meki-meki en nggatheli
wes kewengen nganti koyo peri
lek klambenan sing werna-werni
oalah nok kono ndang bali o
wong tuwomu le ngenteni wis keloro-loro
wis tho, bali nang ndeso
Bali kono karo kang prapto
tumini merengut, cangkeme mbesengut
nek pas nyesel udud cen plek marmut

reff
tum diundang romo
kon bali nang ndeso
ngrabeni kang prapto
nduwe anak lima
Mrongos sedoyo
tum diundang mbokmu, tum diundang mbokmu
[2x]

Tumini tumini trimo(?) ndeso seko wong poya
Rumongso entuk rejeki tumini meh nggaya
Delok wae bocahe sandhangane ra mbejaji
Hiiiy jijik wueeek (hi gilo)

Seko bikini tanktop lha kaya wong ngetop
Mlakune polahe bocahe digawe-gawe
Gol megal-megol megal-megol megal-megol [2x]

Kabeh2e ora cucuk karo awake
Sonyol bubu bathuke ora cucok jarene
Ning jan dasare bocahe Tumini
Neng ndeso dangdutan neng kutho diskotik-an

Tum e tum e tum alah tumini
Pingin seksi wae dipaksakke setengah mati
Ra peduli lucu wagu wis nggilani
Nganti dikandhani lambene we lha malah mangsuli {wasu ah}

Tumini ameh nang endi
Sore-sore dandan mlithit wagu ning malah ra seksi
Woalah PD ne kok setengah mati
Mlaku cethak-cethok nganti koyo pragawati
Lirak-lirik matane megal-megol lakune
Pancen tumini kemayu menthel gathel bocahe
Tingkah dandan polahe nganti koyo ayu dhewe
Ra perduli le ngelokne Tumini tetep PD

Kring kring kring telpon langsung diangkat (hallo)
Hey ono opo, po kowe sidho mangkat
Metu jam 7 bengi po kowe ra ono janji (iso ora)
Nek ra ono janji, siap yo Tumini

Gage-gage Tumini cepet le macak
Nganti kesusu ngombe wae keselak
Ra perduli wongtuwane mesti mencak-mencak (piye kowe)
Tumini malah ngguyu cekikik lan cekakak

Tum tum tum alah tumini
Sore-sore ameh neng ngendi
Dandan mlithit wagu ning ra seksi
Nah PD ne setengah mati

Tumini memang seko Wonosari
Cah anyaran kampung Bule pindah lagi sore wingi
Kriting rambute soyo ngguya ngguyu
Jelas cetho ketok moto nek untune gedhe-gedhe

Nek sore dolane ning [blank] sabane (gaul le gaul)
karo koncoku sing saiki uwis dadi kancane
Pingine Tumini arep ngetutke jaman
Saking pingine le dandan malah ra karuan (nggilani)
Delokan mben dinane Tumini le pupuran
Kulite ireng dadi ketok nek kandhel [blank]
Karepe Tumini arep golek gebetan
nanging malah oleh kadhalan ambyar-ambyaran
Ra kuat Tumini, kuwi sambate (waduh-waduh)
Arep nggaya angel banget, kuwi bulane
Bali nang omah bapake uwis ngenteni
Gayane mlintir brengos ra mikir cacahe mung siji

Batine tumini nesu tenan bapak iki
Arep piye maneh dicethoti kuwi mesti
Pancen Tumini ndableg ra keno dikandhani
Pantes wae dicethoti opo maneh diseneni
[reff]
 >>>> Download mp3 Tumini >>> Klik DISINI

One Response so far.

  1. Anonymous says:

    Aja2Ada: Rap Jawa : Lirik+Mp3 Tumini - Jahanam >>>>> Download Now

    >>>>> Download Full

    Aja2Ada: Rap Jawa : Lirik+Mp3 Tumini - Jahanam >>>>> Download LINK

    >>>>> Download Now

    Aja2Ada: Rap Jawa : Lirik+Mp3 Tumini - Jahanam >>>>> Download Full

    >>>>> Download LINK Gj

Leave a Reply

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...